Selasa, 14 Juli 2020

Crita Cekak

Crita Cekak

Ndhudhah Pangerten Crita Cekak
Crita Cekak utawa cerkak iku sawijining asil karya sastra awujud gancaran (prosa) dudu geguritan (puisi) utawa drama. Crita cekak ngandharake sarine kadadeyan utawa lelakon saka wiwitan nganti pungkasan kathi cekak wae.
Bab - bab sing kudu kokgatekake ing crita cekak yaiku :
  1. Critane cekak.
  2. Isine padhet.
  3. Alure mung siji.
  4. Basane mentes.
  5. Isine ngemu pitutur, panyaruwe (kritik), piweling lan pasemon.

Umume crita sing diangkat ing cerkak saka kedadeyan - kedadeyan ing masyarakat. Cerkak biasane dibangun saka urutan kedadeyan - kedadeyan sing dialami dening paraga - paragane. Mula kanggo nemokake isine cerkak salah sijine kathi cara ngurutake kedadeyan - kedadeyan sing ana ing crita mau.


Struktur Teks Crita Cekak
  • Pambuka/Orientasi (Pengenalan)
Minangka perangan pambuka kang ngenalake paraga (tokoh), latar (setting), panggonan lan wektu dumadine crita.
  • Pasulayan/Komplikasi
Minangka perangan sing nduduhake anane prakara lan pangrembakaning crita. Ing perangan iki wiwit ana prakara, prakara mau terus ngrembaka.
  • Pangundhare Prakara/Resolusi (Penyelesaian Masalah)
Ing perangan iki, masalah/konflik sing ana wiwit dirampungake. Carane ngrampungake bisa arupa becik utawa ala.

Titikane (Ciri - Ciri) Crita Cekak
  1. Awujud gancaran (prosa).
  2. Isine bab lelakon utawa kedadeyan ing bebyaran (masyarakat).
  3. Ana paraga utama lan paraga panyengkutung.
  4. Ngandhut piweling, pitutur, pasemon (kritik) lan sapanunggale.
  5. Dawane crita kurang luwih 1 - 5 kaca (halaman).

Unsur Intrinsik Crita Cekak
  • Tema yaiku dhasar/lelandhesan bakuning gagasan crita.
  • Alur yaiku reroncening kedadeyan kang dumadi sajroning crita. Alur crita kaperang dadi telu, yaiku :
  1. Alur maju.
  2. Alur mundur.
  3. Alur campuran (flashback). 
  • Tokoh yaiku paraga kang ana sajroning crita.
  • Latar yaiku katrangan ngenani panggonan, wayah lan kahanan kang ana sajroning crita.
  • Sudut Pandang yaiku kalungguhane pengripta sajroning crita.
  • Amanat yaiku pesen kang diandharake dening pangripta marang para pamaos.

Unsur Kebahasaan Teks Crita Cekak
  • Sinonim
Sinonim yaiku tembung - tembung kang nduweni teges utawa makna kang padha.
Tuladha :
  • Sasuwene iki klas XII Kartini kawentar bocahe pinter - pinter lan orah tau nganeh - anehi. 
  • Kawentar = kondhang, kesusra, terkenal, lsp.
  • Hp-nipun ical dipunpadosi boten kepanggih.
  • Kepanggih = ketemu (gawe barang), kapethuk (gawe wong).
  • Antonim
Antonim yaiku tembung utawa frasa kang ngemu teges kosok balen (lawan kata).
  • Dumadakan Bu Dyah rawuh. Guru sing paling sepuh ana SMP iku marani Pak Guntur lan Bu Kirana.
  • Rawuh x Tindak 
  • Enom x Tuwa
  • Bu Nunuk banget ditresnani dening murid - muride, amarga priyantune sabar, murah eseme, nanging uga disiplin. 
  • Murah Eseme x Larang Eseme (Suntrut) 
  • Homonim
Homonim yaiku tembung kang padha tulisane lan pangucape, nanging beda tegese.
  • Bu Dini seneng dhahar beton godhog.
  • Beton = isine nangka. 
  • Jembatan Suramadu digawe saka beton. 
  • Beton = cor - coran. 
  • Ing Kebon Binatang Surabaya ana bledug sing mentas lair.
  • Bledug = anak gajah 
  • Ing mangsa ketiga akeh bledug kang gawe regede hawa. 
  • Bledug = lebu (debu) 

Nemtokake Pesen Moral (Amanat) Crita Cekak
Pesen moral utawa amanat yaiku piweling kang diaturake dening pangripta tumrap para pamaos. Tujuwane yaiku supaya para pamaos nindhakake apa - apa kang dikarepke dening pangripta. Pesen moral/amanat biyasane arupa aajaran moral utawa pendidikan.
Cara nggoleki amanat :
  1. Ngeling - eling wacan nganti mangerteni temenan isine wacan.
  2. Nggawe dudutan saka isine wacan, apa sing dikarepake pangripta.

Nemtokake Dudutan (Kesimpulan) Isi Teks Crita Cekak
Tata cara nyimpulake isine teks crita cekak yaiku :
  1. Mangerteni struktur teks crita cekak wiwit orientasi, komplikasi lan resolusi.
  2. Mangerteni ukara kang dadi topik lan punjering informasi ing sajroning paragraf.
  3. Nulis dudutan/kesimpulan ukara kang dadi punjering informasi ing sawijining paragraf kang sabanjure dadi bakune gagasan (pokok fikiran).
  4. Nggathukake bakune gagasan ing antarane paragraf siji karo paragraf liyane dadi urutan dudutan (kesimpulan) sing runtut.

Ngringkes Crita Cekak
Wondene carane ngringkes cerkak yaiku kudu nggatekake bab - bab ing ngisor iki :
  1. Maca teks crita cekak kathi intensif.
  2. Nggoleki inti sari teks, wiwit tahap perkenalan, konflik lan penyelesaian.
  3. Nyusun ulang teks.

Nyritakake Isi Teks Crita Cekak
Supaya bisa nyritakake isine crita cekak kathi becik lan bisa narik kawigatene wong liya, ana bab - bab kang kudu digatekake, yaiku :
  1. Pinter nggunakake basa lan tetembungan kathi trep.
  2. Nggunakake tembung lan basa sing gampang dimangerteni.
  3. Runtut tetembungan lan ukarane.
  4. Nduwe lelewane basa (gaya bercerita) sing nengsemake (ora monoton tur seneng lelucon utawa humor).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kerusakan Minyak

Kerusakan Minyak Pemakaian minyak yang berulang kali dapat menyebabkan adanya perubahan pada minyak, hal tersebut ditandai dengan penampakan...