Rabu, 08 Juli 2020

Teks Pewara

Teks Pewara
(Pranata Adicara)

Pangertene Pranatacara
Pranatacara utawa kang asring sinebut Master of Ceremony (MC), uga diarani pambiwara, pranata adicara, pranata titi laksana, lsp. Rancak, runtut lan orane sawijining adicara saperangan gedhe dadi tanggung jawabe pranatacara. Pranatacara yaiku sawijining paraga sing nduweni jejibajan nglantarake titilaksana ing sawijining acara.

Bab - Bab Kang Kudu Digatekake Nalika Dadi Pranatacara
  • Patrap (Sikap)
Patrap utawa sikep pranatacara kudu nundhukake tata krama utawa trapsila,  yaiku solah bawa utawa tindak - tanduk sing prasaja. Mimik utawa owahing pasuryan (wajah) katon sumringah nengsemake manawa ing adicara kang swasanane bungah, manawa ing acara layon uga bisa ngatonake rasa sedhih.
  • Busana utawa Ngadi Sarira
Nalika nindakake ayahan pranatacara, busanane lan ngadi sarirane/ragane kudu disalarasake karo kahanan. Iki jumbuh karo paribasan "ajining raga saka busana" aja nganti amarga busana sing ora trep ndadekake asor prabawane, amarga busana uga dadi punjering kawigaten marang para tamu.
  • Basa lan Sastra
Basa yaiku piranti utawa sarana lantaran kanggo para tamu sing ngrungokake. Nganggo basa sing komunikatif lan trep utawa pas ing panggonan kudu nggatekake :
  1. Sapa sing guneman.
  2. Sapa sing diajak guneman.
  3. Apa sing digunemake.
  4. Swasana nalika guneman.
  5. Padha ngerti sing digunem. 

Struktur Teks Pranatacara
Wondene perangan/struktur teks pewara kaya kang kapilah ing ngisor iki :
  • Salam Pambuka
Yaiku atur salam pakurmatan kang sepisanan marang para rawuh utawa para tamu.
  • Panyapa
Yaiku nyebut sapa wae kang rawuh utawa para tamu, wiwit sakansing sepuh utawa sing paling dikurmati ngantibsing paling enom, kanggonngajeni para rawuh utawa tamu.
  • Pambuka
Yaiku atur panuwun marang Gusti, atur pakurmatan lan atur panuwun marang kang padha rawuh.
  • Wosing Pranatacara
Yaiku rantaman adicara kang arep dileksanakake.
  • Pangajab
Yaiku pangarep - arepbkang kaucap saka pranatacara tumrap adicara kang wis dilumantarake.
  • Panutup
Yaiku atur panuwun awit saka kawigatosane para rawuh lan nyuwun pangapura manawa ana kakurangan anggone nglumantarake adicara, sarta nyuwun pangapura manawa ana tetembungan kang kurang mranani ing penggalihe para rawuh.
  • Salam Panutup
Yaiku salam pakurmatan kang pungkasan marang para rawuh utawa para tamu.

Ngandharake Paugeran (Kaidah) Panulise Teks Pewara
Bab - bab kang kudu digatekake nalika nulis teks pewara yaiku :
  1. Mangerteni struktur (perangan) teks pewara.
  2. Mangerteni tata urutan adicara kang bakal diandharake.
  3. Mangerteni unggah - ungguh basa kang trep ing panulise teks pewara.
  4. Mangerteni sapa wae kang rawuh ing adicara kasebut.
  5. Bisa nyalarasake basa kang komunikatif lan salaras karo adicara kang diandharake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kerusakan Minyak

Kerusakan Minyak Pemakaian minyak yang berulang kali dapat menyebabkan adanya perubahan pada minyak, hal tersebut ditandai dengan penampakan...