Selasa, 07 Juli 2020

Teks Palapuran Asil Observasi

Teks Palapuran Asil Observasi

Struktur Teks Palapuran Asil Observasi
  • Definisi Umum
Perangan teks kang isine ngandharake pangerten sawijine objek kang diamati/ditaliti.
  • Deskripsi Bageyan
Perangan teks kang isine ngandharake kathi jangkep bageyan - bageyan saka objek kang diamati/ditaliti.
  • Deskripsi Gunane
Perangan teks kang isine ngandharake paedah saka objek kang diamati/ditaliti.

Titikane Teks Palapuran Asil Observasi
  • Ngandhut fakta utawa kadadeyan kang sabenere.
  • Asipat apa anane (objektif).
  • Bisa dadi sumber pawarta (informatif).
  • Gampang dipahami (komunikatif).
  • Ditulis kanthi sampurna lan jangkep.
  • Ora ngandharake bab - bab kang ora salaras lan ngandhut prasangka.
  • Bisa narik kawegatene para maos.
  • Dicritakake kathi basa kang becik lan cetha.

Jinise Teks Palapuran Asil Observasi
  • Observasi Partisipatif
Yaiku sawijine kagiyatan ngamati kang panalitine utawa pangamate (observer) melu ing kagiyatan panganatan. 
Dadi ing observasi iki, panaliti utawa pengamat (observer) dadi bageyan saka klompok kang ditaliti. 
  • Observasi Nonpartisipatif
Yaiku sawijine kagiyatan nganati kang panalitine utawa pangamate (observer) ora melu ing bageyan kang ditaliti.
Dadi ing observadi iki, panalitine utawa pangamat (observer) mung dadi panaliti utawa pangamat kang ora dadi bageyan saka klompok kang ditaliti/diamati. 

Titikane Basa Teks Palapuran Asil Observasi
  • Basa kang digunakake ing teks palapuran asil observasi lumrahe nggunakake basa kang ngandhut makna kang lugas, apa anane utawa tegese wantah/sabenere (denotatif).
  • Isi teks kudu objektif.
  • Ditulis lelandhesan kasunyatan (fakta) nalika nindakake kagiyatan ngamati.
  • Isi teks ora ngemot bab - bab kang nyimpang saka kasunyatan.
  • Nganggo tembung - tembung tartamtu (istilah - istilah khusus) salaras karo objek kang ditaliti. Tuladhanr yen ngrembug babagan lingkungan hidup ya ana tembung - tembung (istilah) kang mirunggan ing babagan lingkungan hidup.

Gawe Cengkorongan Teks Palapuran Asil Observasi
Sadurunge nulis teks palapuran asil observasi, becike kudu nyusun cengkorongan (kerangka) teks luwih dhisik. Cengkorongan teks disusun lelandhesan struktur teks lan objek kang diamati.
Tujuwan nulis cengkorongan teks yaiku supaya bab - bab kang arep dirembug sajrone teks bisa diadharake kathi runtut lan jangkep.
Bab - bab kang kudu digatekake anggone nyusun cengkorongan teks yaiku :
  • Nulis irah - irahan (judul) palapuran kang trep salaras karo kagiyatan ngamati kang wis ditindakake.
  • Nulis pambuka (definisi umum).
  • Nyusun isi palapuran kang ngandhut gagasan pokok tumrap asil pengamatan saka sawijine objek (deskripsi bageyan).
  • Nulis panutup (deskripsi gunane).
  • Ngembangake cengkorongan dadi sawijine teks.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kerusakan Minyak

Kerusakan Minyak Pemakaian minyak yang berulang kali dapat menyebabkan adanya perubahan pada minyak, hal tersebut ditandai dengan penampakan...