Rabu, 08 Juli 2020

Teks Palapuran Kagiyatan

Teks Palapuran Kagiyatan

Struktur Teks Palapuran Kagiyatan
  • Purwaka.
  • Wos/Isi.
  • Panutup.

Unsur Kebasaan Teks Palapuran Kagiyatan
  • Ukara Andharan (Kalimat Andharan)
Yaiku ukara kang ngandharake sawijining kadadeyan utawa prakara marang wong sing diajak guneman. Babagan sing digunem upamane nyritakake bab - bab kang mentas dirungu, diwaca, dideleng, rinasa, menehi wawasan, pitutur, nirokake gunem lan liya - liyane.
Tuladhane :
  1. Para siswa klas VIII A - J SMP Sedolor melu studi wisata menyang Ngayogyakarta Hadiningrat. 
  2. Candi Borobudur, Pesisir Parangtritis lan Malioboro iku panggone ana ing Yogyakarta. 
  • Ukara Camboran (Kalimat Majemuk)
Yaiku ukara sing dumadi saka ukara lamba loro utawa luwih kang digandheng dadi siji.
Ukara camboran kaperang dadi 3 warna, yaiku : 
  • Ukara Camboran Sajajar 
Yaiku ukara kang dumadi saka ukara loro utawa luwih kang antarane siji lan sijine ukarane mau bisa medheg dhewe - dhewe, nanging surasane ukara - ukara kasebut ana gandheng cenenge. 
Tuladhane :
  1. Aku lagi nggambar omah, bapak moco koran, dene adhiku asyik komputeran. 
  2. Aku nggoreng peyek dhele, ibu masak orem - orem tempe, dene bapak mangan sate. 
  • Ukara Camboran Raketan 
Yaiku ukara camboran kang kadadeyan saka ukara lamba loro utawa luwih kang diraketake, kathi ngilangi gatra/tembung sing padha dijupuk salah siji.
Tuladhane :
  1. Aku mangan jajan. 
  2. Aku ngombe es jus.
Aku mangan jajan banjur ngombe es jus. 
  • Ukara Camboran Susun
Yaiku ukara camboran kanh ukara - ukara lambane duwe sifat wengku - winengku, utawa ukara kang salah siji gatrane dimekarake. Tegese, ana sing dadi ukara babon (induk kalimat), nulis diterangake dening ukara pang (anak kalimat). Ukara babon awujud klausa inti, nanging yen ukara pang ora klebu klausa inti.
Tuladhane :
  1. Adhik ora sido dolan.
  2. Eyang Putri lagi rawuh.
Adhik ora sida dolan amarga Eyang Putri lagi rawuh.

Nulis Teks Palapuran Kagiyatan
Nulis teks palapuran kagiyatan iku kudune migunakake tata basa kang logis lan sistematis. 
  • Logis ateges mathuk klawan logika (bener manut penalaran, klebu nalar).
  • Sistematis ateges tumata manut sistem (migunakake sistem, kanthi cara kang diatur utawa ditata becik).
karepe, palapuran kang ditulis kudu ngandhut unsur 5W + 1H, yaiku :
  1. Apa (What).
  2. Kapan (When).
  3. Sapa (Who).
  4. Ing Ngendi (Where).
  5. Geneya (Why).
  6. Kepriye (How).

Nulis Rumusan Ancas (Tujuwan) Palapuran Kagiyatan
Ing ngisor iki bab - bab kang kudu digatekake nalika nulis rumusan ancas (tujuwan) palapuran kagiyatan, yaiku :
  1. Tulisen luwih dhisik dhasare panemu utawa latar wuri (latar belakang) dinakake sawijining kagiyatan!
  2. saka dhasare panemu iki banjur bisa dirumusake dadi ancas palapuran kagiyatan.

Gawe Cengkorongam (Kerangka) Teks Palapuran Kagiyatan
Cengkorongan teks palapuran kagiyatan iku paling ora kudu nyakup :
  1. Jeneng Kagiyatan.
  2. Dhasar Panemu.
  3. Ancas Kagiyatan.
  4. Isi Kagiyatan.
  5. Panutup.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kerusakan Minyak

Kerusakan Minyak Pemakaian minyak yang berulang kali dapat menyebabkan adanya perubahan pada minyak, hal tersebut ditandai dengan penampakan...