Teks Wawancara
Ndhudhah Pangerten Teks Wawancara
Wawancara yaiku takon - tinakonan klawan pawongan tartamtu kang diperlokake kanggo disuwuni katrangan utawa panemu ngenani sawijining bab.
Wawancara diarani wawansabda. saliyane tetembungan kasebut isih ana maneh istilah liya kang meh padha nanging sejatine ya cetha beda, yaiku wawanmuka lan wawanrembug.
- Wawanmuka iku adu arep kanthi maksud padha dene pengin tepung.
- Wawanrembug yaiku rundingan, rembugan, utawa ijol - ijolan panemu.
Werna - Wernaning Wawancara
- Wawancara Bebas
Yaiku wawancara kang susunan pitakone ora ditemtokake luwih dhisik lan kang diomongake gumantung marang swasana wawancara.
- Wawancara Individual
Yaiku wawancara kang ditindakake sawijining pawongan (pewawancara) kathi responden tunggal.
- Wawancara Konferensi
Yaiku wawancara antarane pawongan tunggal klawan responden kang akeh utawa kosokbaline.
- Wawancara Binuka (Terbuka)
Yaiku wawancara kathi wewaton pitakonan kang ora kawantes wangsulane.
- Wawancara Tinutup (Tertutup)
Yaiku wawancara kathi wewaton pitakonan kang kawantes wangsulane.
Sing Kudune Disiyagake Nalika Arep Wawancara
- Nemtokake tujuan wawancara, tujuan wawancara kudu cetha lan gamblang.
- Nemtokake narasumber.
- Nemtokake dino lan papan kanggo wawancara, kudu semayanan dhisik karo narasumbere.
- Nyiyapake buku cathetan utawa piranti kanggo ngrekam, iki wigati banget supaya sakabehing katrangan sing pokok/baku ora ana sing nganti kliwatan.
- Nindakake wawancara kathi tumindak sopan santun/andhap asor, tegese kudu nganggo subasita lan unggah - ungguh basa kang bener.
Struktur Teks Wawancara
Ngrembug babagan struktur teks wawancara, iki gegayutan raket klawan pangerten wawancara iku dhewe. Wawancara mujudake kagiyatan takon - tinakonan klawan pawongan tartamtu kang diperlokake kanggo disuwun katrangan utawa panemu ngenani sawijining bab.
Pawongan sing takon mau, bisa wae wujud wong siji (tunggal) kang banjur takon mung marang sawijining pawongan tartamtu utawa bisa uga wujud wong siji (tunggal) kang banjur takon marang sawatara pawongan (wong akeh). Suwalike, bisa uga sing takon sawatara pawongan (wong akeh), banjur takon mung marang siji pawongan tartamtu. Bakune, pawongan sing takon (tunggal utawa akeh) padha - padha entuk katrangan sawijining babagan kang dadi uneg - uneg utawa pitakonan sing diduweni sasuwene iki.
Gegayutan klawan iku kabeh, mula struktur teks wawancara banjur bisa kaperang dadi telung warna, kang digambarake kaya mangkene :
Struktur teks wawancara ana telung perangan kang teges, yaiku :

- Pewawancara tunggal (X1) lan responden tunggal (Y1)
- Pewawancara tunggal (X1) lan responden akeh (Y+1)
- Pewawancara akeh (X+1) lan responden tunggal (Y1)
Struktur teks wawancara ana telung perangan kang teges, yaiku :
- Definisi Umum
Yaiku perangan pambuka ing wacan kang isine ngenani pangertene samubarang kang arep dirembug.
- Definisi Bagian
Yaiku perangan wacan kang isine ngandharake bab - bab kang luwih mirunggan lan luwih cetha ngenani samubarang kang dirembug.
- Deskripsi Manfaat
Yaiku perangan wacan kang isine ngenani mupangate (manfaat) lan pigunane samubarang kang dirembug.
Unsur Kebahasaan Teks Wawancara
- Krama Lugu (Madya)
Krama lugu (madya) yaiku tembung - tembunge ing sajrone ukara migunakake tembung krama kabeh, tanpa kacampuran krama inggil.
Titikane Basa Krama Lugu (Madya)
- Tembung :
- Tembung - tembunge krama ora kecampur krama inggil.
- Ater - ater lan panambang dikramakake.
- Tembung ku owah dadi kula.
- Tembung kowe owah dadi sampeyan.
- Kanggone :
- Guneme kanca padha kanca sing durung kulina.
- Guneme wong tuwa marang wong enom sing durung kunina.
- Guneme wong marang tepungan anyar.
- Guneme tenaga kasar marang juragane.
- Guneme batur marang juragane.
- Krama Alus (Inggil)
Yaiku basa sing tembung - tembunge ing sajrone ukara migunakake tembung krama lan kacampuran krama inggil.
Titikane Basa Krama Alus (Inggil)
- Tembung :
- Tembung - tembunge krama kecampur krama inggil.
- Ater - ater lan panambang dikramakake.
- Tembung ku owah dadi kula.
- Tembung kowe owah dadi panjenengan.
- Kang dikramakake inggil :
- Perangane awak.
- Sandhangan.
- Kriyane wong sing diajak guneman lan wong sing digunem.
- Kanggone :
- Guneme anak marang wong tuwane.
- Guneme abdi utawa rewang marang bendarane utawa juragane.
- Guneme ngisoran/andhahan marang dhedhuwurane.
- Guneme wong kaprenah enom marang kaprenah tuwa.
Kaidah Penyusunan Teks Wawancara
Ndhapuk sawetara daftar pitakonan utawa pedoman wawancara mujudake salah siji perangan sing kudu disiyagakake nalika arep nindakake wawancara. Iki kanthi pangajab supaya sing ditakokake ora geseh klawan tujuane. Sawerata daftar pitakonane bisa wae paling ora kaya kacetha ing ngisor iki :
- Apa (what).
- Ing ngendi (where).
- Geneya (why).
- Kapan (when).
- Sapa (who).
- Kepriye (how).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar