Selasa, 07 Juli 2020

Teks Drama Tradhisional

Teks Drama Tradhisional

Tegese Drama utawa Sandhiwara
Tembung drama asale saka basa Yunani kang tegese sawijining aksi utawa solah bawa. Dadi ing drama ana sawijining crita kang dipentasake liwat aksi utawa solah bawa para paragane. Ing bebrayan Jawa drama uga diarani sandhiwara. Tembung sandhi nduweni teges rahadia utawa tersembunyi, wodene wara nduweni teges informasi, pesen utawa amanat.
Dadi ing pamentasan sandhiwara nduweni pesen kang sinandhi. Saka andharan ing dhuwur bisa disimpulake tegese drama utawa sandhiwara yaiku sawijining olah seni kang dipentasake dening para paraga ing panggung lan nduweni pesen utawa amanat sinandhi kang bisa kanggo tepa tuladha ing urip bebrayan.

Jinise Drama utawa Sandhiwara
Manut jinise drama utawa sandhiwara kaperang dadi loro, yaiku :
  • Drama Tradhisional (Klasik)
Drama kang nyritakake crita rakyat jaman kuna lan isine tarkadhang ora kalebu ing nalar.
  • Drama Modhern
Drama kang nyritakake uripe manungsa saben dina kathi tujuwan aweh patuladhan tumrap urip bebyaran.
Jinise Drama utawa Sandhiwara Manut Isine
Jinise drama utawa sandhiwara manut isine ing antarane yaiku :
  1. Drama komedi.
  2. Drama tragedi.
  3. Drama tragedi komedi.
  4. Opera.
  5. Lelucon utawa dagelan.
  6. Operete.
  7. Pantomim.
  8. Tablau.
  9. Passie.
  10. Wayang 
Unsur - Unsur ing Drama utawa Sandhiwara
Unsur - unsur ing drama utawa sandhiwara kaperang dadi loro, yaiku :
  • Unsur Intrinsik Drama (Unsur Fisik Drama)
  1. Paraga.
  2. Setting.
  3. Alur.
  • Struktur Batin Drama
  1. Tema.
  2. Amanat.
Struktur Teks Drama utawa Sandhiwara
  • Orientasi
Perangan crita kang nepungake (mengenalkan) para paraga ing crita kasebut, watak wantune (karakter), latar papan lan wektu dumadine crita lan minangka wiwitane mlebubing sajroning crita. 
  • Komplikasi
Perangan crita kang ngandharake paraga utama ing crita lagi ngalami prakara kang ruwet. Pasulayamn (konflik/pertentangan) kasebut dumadibing antarane paraga utama kang tumindak becik (protagonis), klawan paraga kang tumindak ala (antagonis). Perangan iki kalebu intine crita lan kudu ana ing sajroning crita. 
  • Resolusi
Perangan crita kang isine minangka pamecahing prakara (peleraian). Ing perangan iki, karuwetan prakara kang dialamibparaga utama wiwit ana pangudhare prakara (penyelesaian).
  • Koda
Pesen (amanat), nilai - nilai moral, utawa tepa tuladha kang kinandhut ing crita drama/sandhiwara. Pesen ing crita drama/sandhiwara bisa kanggo pepeling lan kaca benggala (cermin) tumraping urip bebyaran.
Nulis Teks Drama Tradhisional
Bab - bab sing kudu digatekake nalika nulis teks drama tradhisional :
  1. Nemtokake sawijining crita drama kang bakal ditulis dadi teks utawa skenario drama.
  2. Mangerteni isine crita kang bakal ditulis.
  3. Nemtokake para paraga lan watake kang selaras karo isine crita.
  4. Nemtokake alur lan setting kang dumadi ing crita.
  5. Gawe pacelathon lan adegan salaras karo isine crita.
  6. Nyalarasake pacelathon karo tata tulis kathi nggatekake tandha pawacan kang bener.
  7. Mriksa pacelathon manawa ana sing kurang trep bisa diowahi sadurunge ditampilake.
Maragakake Teks Drama Tradhisional
Bab - bab kang kudu digatekake sadurunge maragake sawijining lakon drama yaiku :
  • Nggatekake blocking nalika ing panggung
Yaiku bisa ngetrapake kahanan (posisi) awak kang pas nalika caturan karo paraga liyane ing panggung.
  • Nggatekake swara (vokal)
  1. Swara kudu banter supaya bisa dirungokake para pamiarsa.
  2. Swara kang diucapake kudu cetha supaya gampang dimangerteni pamiarsa.
  3. Swara ora kena monoton supaya kepenak dirungokake lan ora gawe bosen.
  • Nggatekake artikulasi
Yaiku pangucape tembung - tembung kang cetha lan salaras karo tata pocapan kang bener, supaya pamiarsa bisa mangerteni karepe.
  • Nggatekake intonasi
Yaiku lagu ukara kang diucapake kanthi becik sakaras karo watak - watak (karakter) para paragane.
  • Nggatekake mimik lan ekspresi kang trep
Yaiku bisa ngetrapake swasana liwat polatan lan praupan (ekspresi wajah) kang  pas nalika maragakake tokoh ing crita drama. Tuladhane bisa maragakake kahanan ati (menghayati) nalika swasana susah utawa seneng kanthi trep.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kerusakan Minyak

Kerusakan Minyak Pemakaian minyak yang berulang kali dapat menyebabkan adanya perubahan pada minyak, hal tersebut ditandai dengan penampakan...