Rabu, 08 Juli 2020

Teks Sesorah

Teks Tanggap Wacana 
(Teks Sesorah)

Pangertene Tanggap Wacana Sesorah/Pidato
Tanggap wacana, sesorah utawa pidato yaiku ngandharake gagasan marang wong liya (para rawuh/tamu/undhangan) sarana micara sing wis kasudun kathi tata urutan lan pagueran sing becik ing adicara tartamtu.

Jinise Sesorah Manut Isine
  • Sesorah Pambuka
Yaiku sesorah ringkes (singkat) kang diandharake dening pembawa acara utawa MC.
  • Sesorah Pengarahan
Yaiku sesorah kanggo ngarahake sawijining kagiyatan.
  • Sesorah Sambutan
Yaiku sesorah kang diandharake ing sawijining adicara tartamtu kathi wektu kang mung sedhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
  • Sesorah Peresmian
Yaiku sesorah kang diandharake dening wong kang nduweni pengaruh kanggo ngresmekake samubarang.
  • Sesorah Laporan
Yaiku sesorah kang isinr nglaporake sawijining tugas utawa kegiyatan.
  • Sesorah Pertanggungjawaban
Yaiku sesorah kang isine ngenani sawijining laporan pertanggungjawaban tugas utawa kagiyatan.

Struktur Teks Sesorah
  • Salam Pambuka
Yaiku salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh.
  • Panyapa (Sapaan)
Yaiku nyebut sapa wae sing rawuh ing adicara kasebut nganggo paring pakurmatan.
  • Purwaka
Yaiku atur pamuji sukur marang Gusti Allah lan atur panuwun marang para rawuh/tamu sing kepareng rawuh.
  • Surasa Basa (Isi)
Yaiku sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh/tamu.
  • Wigatine/Dudutan (Kesimpulan)
Yaiku ringkesan isi kang wigati utawa intine ding diandharake.
  • Pangarep - arep (Harapan)
Yaiku pangajab (harapan) sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing midhangetake.
  • Wusana (Penutup)
Yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura manawa ana kekurangan utawa kaluputan anggone ngandharake sesorah.
  • Salam Panutup
Yaiku salam kang pungkasan marang para rawuh/tamu.

Mbedakake Titikane Basa Sesorah Resmi lan Ora Resmi
Bedane ciri - ciri basa ing antarane sesorah resmi lan ora resmi, yaiku :
  • Sesorah Resmi
  1. Ing sesorah resmi nggunakake basa Jawa baku.
  2. Ukara - ukara ing sesorah resmi nggunakake ukara sing becik (kalimat efektif).
  • Sesorah Ora Resmi
  1. Ing sesorah ora resmi lumrahe nggunakake basa Jawa ora baku, sing wigati/informasine bisa dimangeteni dening para pamiarsa.
  2. Ukara - ukara ing sesorah ora resmi biyasane nganggo ukara sing kurang trep, sing wigati komunikatif lan gampang dipahami wong akeh.
  3. Tarkadhang basane campuran nganggo basa Indonesia lan Inggris.

Ngandharake Pagueran (Kaidah) Panulise Teks Sesorah
Bab - bab kang kudu digatekake sajroning nulis teks sesorah, yaiku :
  1. Mangerteni struktur (perangan) teks sesorah.
  2. Nemtokake topik sing bakal diandharake lan kasalarasake karo wawasan lan kawruh sing wis dimangerteni.
  3. Topik sing bakal diandharake ing teks sesorah kudu salaras karo wektu lan kahanane.
  4. Topik sajroning sesorah uga disengkuyung materi - materi liyane sing salaras.
  5. Mangerteni ruang lingkup lan wewantesan isi teks sesorah kang bakal diandarake.
  6. Nggatekake unggah - ungguh basa kang trep ing panulise teks sesorah.
  7. Mangerteni sapa sing bakal midhangetake sesorah kasebut.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kerusakan Minyak

Kerusakan Minyak Pemakaian minyak yang berulang kali dapat menyebabkan adanya perubahan pada minyak, hal tersebut ditandai dengan penampakan...